"Sugeng enjang kagem panjenengan sedaya,
menawi mangke mripatipun njenengan pedes, napa kupinge budheg, mang emplok kembang gulo
mangke ben njenengan slamet, tulung dimatke kene, piye carane masang sabuk piye nguncine ben ora ucul, ben kenceng, ngene iki carane nguculi
klambi plembungan ana nang ngisor kursi panjenengan, ojo dinggo disik, ngenteni Pakdhe Kapiten menehi woro2 kuwi ojo mbok pindah2 lho, opo maneh mbok gowo muleh, nggo mbok pajang nang ruang tamu mu,
mbangane tak kampleng ngarep mburi. dong ra?!
Kwi nganggo klambi plembungan e, leboknno lewat gulu, kuncinen sabuk nang ngarepan ojo kekencengen, engko kowe bingung ora iso ambegan
kuwi iso mbok dhamu, sing penting ababmu ora mambu
Ben iso kemambang nang mbanyu, tarik en cenul2 warna abang jambu bol kuwi eling, tariken nang njobo psawat, ngko ra iso metu kuwi, nek nang njero wong mlembung gede
lawange ra cukup, ndak mengko ming temangsang
nek meh metu seko pesawat antri yo, baris koyo bebek bis kolobis kuntul baris
Nek ambegane wis mulai angel
kuwi masker oksigen tibo dewe seka nduwur sirahmu, kop warna kuning2 kuwi nggonen sak uwong siji lho
Ojo rebutan ngisin2i
kertu petunjuk darurat ana nang dlesepan ngarepmu,wacanen rasah diapalke mengko edan kowe.
ngono sek yooo pakdhe,budhe,paklek,bulek,mas,mbak,le,nduk, ojo celelekan
O iyo...
Nek meh moco2 penceten cenul2 nang nduwurmu kuwi nggo nguripke lampu
Mudeng to ??"