Laman

Minggu, 31 Januari 2016

INDIAN

Ono PNS Indonesia wong 2 oleh tugas nang Los Angeles.
Pas acara wisata  dijak tuan rumahe nyang Disney Land.
Tekan Disney Land si Amerika ngajak ndelok suku asli Indian Sioux.
Teko adoh wis ketok ono Kepala Suku Sioux ngadek sendakep ote2 nganggo celono kulit ber- jumbai2, nganggo topi saka wulu rajawali, raine dicoret2 garis putih abang ijo. Si tuan rumah Amerika kondo: "He is a real Indian!"
Si Parto salah 1ne PNS saka Ngawi kondo karo kancane: "Jo, kok rupane koyo' wong Indonesia yo?", moro2 Indiane nyaut: "Lha kulo tiyang Gresik kok mas, nek dinten minggu pocokan dados Indian ngeten damel nambah celengan".
Si Bejo takon: "Nopo'o kok sanes Indian asli?".
"Lha sing asli nggih mboten purun dadi tontonan kados ngeten. Nek kulo rak mboten enten sing kenal...".
Moro2 Amerikane takon: "Gentlemen, where did you learn that Sioux dialect...?"