Si Nawi arep lungo nang omahe pakdene neng Suroboyo soko Solo, karo mbokne (mbok Jum) diterno nyegat bis....)))
Kenek : Suroboyo bu ??
mBok Jum : Pak.. Njaluk tulung, mengko lek wes tekan nJombang, dikandhani ya bocahe iki ..!! (Ngomong karo ngunggahke si Nawi nang bis)
Kenek : nJombang..?? ... iyo...iyo... tariiiiiik !!!
# Bis maju, mlaku maneh.... Neng tengah ndalan, si Nawi takon nang kenek bus#
Nawi : wes tekan nJombang, lik ??
Kenek : durung !! Sik suwe le...
# ga suwe, si Nawi takon maneh...#
Nawi : wes tekan nJombang opo durung ??
Kenek : durung lee !!.... Sik suwee ...!!
# si Nawi takon terus nang kenek, sampek kesel akhire keturon. Bis terus tancap gas nang arah Sby,,, moro-moro bis wis tekan Mojokerto. Si kenek bus lg eling, yen nJombang wes klewat #
Kenek : (ngomong nang supir) aduh cak... kok aku kroso dosa nang bocah kui !! (Nduding si Nawi sing lagi turu )
Supir : lah kok iso ngono kenopo?
Kenek : pas munggah bus mau diamanahi mbokne, lek wes tekan nJombang bocahe njaluk dikandhani !!
Supir : waah yak opo sih koen iku?? nJombang lak wes lewat rek!! (Sopir bingung)
# untunge si sopir bis gelem mbalik nang nJombang, sakwise njaluk persetujuan penumpang merga mesakke si Nawi. Akhire bis tekan nJombang.... Si kenek nggugah si Nawi #
Kenek: le.... Le.... Tangi !! Wes tekan nJombang kii .... (Karo nggoyak2 si Nawi)
Nawi: (njenggirat).... Wes teko nJombang lik??? (Karo grusa grusu mbukak kantong, ngetokke sangune, sego lawuh iwak)
Kenek : arep mudhun kene le???
Nawi: ora lik ... Kan aku arep nang Suroboyo, cuman mbokku pesen, lek arepe mbukak sangune sego bungkus nang nJombang ae.... !!! (Karo muluk sego didulitke sambel).
Kenek + supir + para penumpang: byuuhhh diampuuut diampuuut!!!! (Tepok jidat)