Ono klinik jenenge klinik "TONG PES".
Nang kono ditulisi, sopo ae sing berobat nang kono ga' waras, duwite dibalekno sampek 5X lipat.
Saben dino klinik iku rame terus, gara2 slogane sing provokatif. Tapi yo ngono, saben berobat nang kono, pasienne mesti waras. Durung tau ono pasien sing komplain, gara2 ga' waras..
Akhire ono wong jenenge Bojel iseng2 , pingin ben klinike ga' iso nangani 'penyakite' ben duwite iso mbalik 5X lipat. Deweke ngarang penyakit sing kiro2 aneh, sing wong durung tau krungu.
"Bib .. aku iki kog duwe penyakit aneh yo?", curhat nang tabibe TONG PES
"Penyakit opo cak?", jare tabibe
"Iki loh bib, aku ben mangan kog ga' kroso opo2. Pedes, asin, legi, ga' kroso blas."
"Owalah,,iki ngono penyakit gampang diwarasno.
Mei Lin, tulung jupukno obat no. 7."
"Iki cak, obate sampeyan ombe saiki. Ono perubahan opo ga'?"
"(Asik....aku pura2 ga' kroso opo2 ah, ben dwite iso mbalik)", Batine Bojel. Barang diombe , eh...bojel keceplosan "ASEM....iki dudu' obat bib, tapi telek pitik"
"Wah, berarti wes waras...iso ngrasakno telek pitik barang"
Akhire Bojel mulih karu nggremeng ga' mari-mari....
Minggu ngarepe, Bojel iseng meneh, pingin berobat nang klinik TONG PES. Mugo2 ae, saiki ga' APES.
"Bib, aku duwe penyakit aneh"
"Opo iku?"
"Ngene bib. Aku akhir2 iki kog gampang lalian. Baru 5 menit omong2an, wis lali sing diomongno."
"Walah...gampang iku."
"(Waduh, kog ngomong gampang meneh?)", batin Bojel sing wis merinding ga' karuan.
"Mei Lin, tulung jupukno obat no. 7", jare tabibe..
"Wah....emoh bib, nek obat no. 7"
"Loh opo'o?"
"Iku duduk obat, tapi telek pitik."
"Lah iku sampeyan iling. Berarti penyakite sampeyan wis waras."
"Wes bib, aku kapok ga' kate brobat meneh. Ben nang kene disuguhi telek pitik. Apes temen awakku"
Tabibe ngguyu cekikikan ..=D =)) :D