Laman

Rabu, 13 Januari 2016

Obrolan 3 Mahasiswa

Obrolan 3mahasiswa, tapi beda jurusan. Bengi iku lagi neng warung angkringan ndok wonokromo.......

Mukri: ora sio s io tenan aku njupuk jurusan PERTANIAN. Aku iso nggabungne 2jenis tanduran dadi jenis anyar... he he he (ngguyu mrenges)

Sodron: wow!!! Tanduran opo kuwi kri?

Mukri: wit BAYEM,keniker ambek KLOPO dron...

Sodron: trus mbok jenengne opo temuanmu kuwi kri?

Mukri: kuwi tak jenengke URAP.

Sodron( kleleken gelas): wong edyaan!!

Mukri: lha awakmu neng PETERNAKAN, nemokne opo dron?

Sodron: nek aku durung dadi penemu kri, sik lagi riset ning gagal terus...

Mukri: lha opo?

Sodron: aku karo kanca kancaku lagi njajal ngawinke wedhos ambek babi.

Mukri: ekstrem tenan kuwi dron...

Sodron: tapi gagal terus kri...

Mukri: lha gagal mergo opo to dron?

Sodron: masalahe ditolak MUI, jarene haram...

Mukri( langsung salto): kampreet tenan kowe dron...

(Sak naliko  Bardot sing awit mau meneng ae melu crito)

Bardot: nek masalah penemuan iki lo, cah TEKNIK jagone...

Mukri+sodron: penemuan opo dot?

Bardot: iki proyek rahasia. Mung kowe kowe tok sing tak critani.

Mukri+sodron: iyo dot...

Bardot: aku ra pengen barang iki dicekel wong jahat, iso kacau mengko... (mbisik) ssstt... aku nemokne alat  sing iso ngontrol kendaraan soko jarak jauh...

Mukri+sodron: wow!!! Hebat kowe dot.

Bardot:(mbisik) ojo banter banter goblog! Alat iki wes tak jajal nek ngarep pasar sing rame kae.

Mukri+sodron: (mbisik) sukses raa?

Bardot: Alhamdulillah sukses...

Mukri+sodron: kendaraan opo wae sing iso dikontrol?

Bardot: sing rodok angel mung becak. Mungkin setelan gelombange sing kurang pas. Tapi liyane lancar... ha ha ha

Mukri: wah jos tenan kowe dot!! (Karo mijeti Bardot)

Sodron: iso sugeh tenan kowe dot!! (Karo dulangi Bardot gorengan)

Mukri: alate wes mbok jenengi rong dot?

Bardot: amargo lahirku rebo pon lan rupaku koyo ariel, alat iku tak jenengne SEMPRITAN...

Mukri+sodron: (adu sirah) edaaaan!!!
Sugeng siang konco2 😅😅😅😅