Neng pasar Beringharjo Jogya, Agung arep tuku pitik, sing dodol ibu ibu rodo galak;
Agung: "Bu, kagungan ayam saking Meduro mboten?".
Ibu: (Ngelungke pitik werno abang karo mbatin ono wae sing digoleki wong iki )...
"Niki ayam Meduro.
Karo nimbang bobote, Agung ndulek silite pitik nganggo drijine kiwo sing tengah.
Agung: "Wah niki sanes ayam Meduro bu, niki ayam Semarang..., cobi sanesipun".
Ibu : "Menawi meniko" (barengan ngelungke pitik werno putih).
Agung: (ndulek meneh silite pitik warno putih karo ngomong)... "Wah menawi meniko ayam saking Bandung bu".
Bola bali Agung ndulek silit pitik liyane nanging durung nemu pitik Meduro (meh kabeh pitik sing ono diduleki silite nanging ora ono sing cocok).
Ibu: "Pak njenengan niku bade tumbas saestu menopo mboten".
Agung: "Lho enggih bu pados engkang asli Meduro, cobi ingkang cemeng meniko bu, kulo tingali".
Ibu : (karo ngelungke pitik werno ireng)... "Niki ayame kantun setunggal".
Sawise ndulek silite pitik werno ireng Agung banjur ngomong;
Agung: "Lha sing niki leres ayam saking Meduro bu..., pinten reginipun ?".
Ibu: (isih nesu, njawab), "Rp.75.000,-". (padahal biasane mung Rp 30.000,-).
Agung: (karo ngelungke duit Rp.100.000,-)... "Bu, menawi sadean ampun kalih duko duko. Mangké mundak mboten gadah langganan lho...., eh..... ngomong-ngomong Ibu aslinipun saking pundi, Yogya nggih?"
Ibu : (isih nesu) . . . "Sanes. . . !, monggo jenengan pirsani piyambak mawon....!"
(karo mledhingke bokonge). . . . .