Wonokairun lungo nang Tretes mampir nang Wisma Rindu Malam.
Isine wong wedhok ayu-ayu semlohe, sikile mulus-mulus gak onok sing bubulen.
Wonokairun disambut ambek Mamine wisma.
"Aku pingin pethuk ambek Sablah" jare Wonokairun.
"Mbah, Sablah iku cewek paling ayu nang kene, taripe yo paling larang. Sampeyan mesti gak cukup dhuwike, tak golekno sing liyane ae yo…" jare Mamine.
"Aku kudhu pethuk ambek Sablah.." Wonokairun mekso.
Akhire Mamine ngongkon Sablah metu seko petarangan, tibake areke pancen uayu tenan..
"Mbah, sampeyan wis weruh tah lek taripku iku limang juta sekali booking??" takok Sablah.
Gathik kakean cangkem, Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.
Mari ngono, Wonokairun digandeng Sablah munggah mlebu arena. Bareng wis mari diservis, Wonokairun minggat.
Sisuke Wonokairun teko maneh nang Wisma Rindu Malam iku ngoleki Sablah maneh....
"Mbah, masio sampeyan wingi wis booking Sablah, taripe pancet lho yo.. gak ono diskon" jare Mamine.
Akhire Mamine nyeluk Sablah.
"Mbah, sampeyan wis weruh tah gak lek taripku pancet ??" takok Sablah.
Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.
Mari ngono, arek loro iku mlebu kamar. Bareng wis mari diservis, Wonokairun minggat.
Sisuke maneh, Wonokairun teko pisan maneh nang Wisma Rindu Malam,nggoleki Sablah
Karo Mamine langsung dicelukno Sablah.
"Mbah, gak ono discount lho", Sablah ngelingno.
"OK" jawab e Wonokairun karo ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.
Bareng wis mari, Sablah penasaran ambek Wonokairun.
"Mbah, sampeyan iku cik lomane ambek aku, sak umur-umur gak ono wong sing wani mbooking aku langsung ping telu. Teko ndheso endhi sampeyan Mbah ?" takok Sablah.
"Aku teko Sepanjang" jare Wonokairun.
"Lho iyo tah!!, aku ndhuwe dulur nang Sepanjang ...." jare Sablah kaget.
"Wis weruh aku.. Bapakmu mati sak wulan kepungkur.. Mbakyumu nggoleki awakmu gak ketemu, terus ngongkon aku nggolek awakmu kanggo nyerahno dhuwik warisan limolas juta…"
Tidak ada komentar:
Posting Komentar