Bis Baker jurusan Wonosari mandeg neng Pasar Piyungan. Ana simbah-simbah mudun ngulungne ongkos neng kondektur.
Kondektur "mBah.. Niki ongkose kirang …!
Nenek : "Kurang kepriye?"
Kondektur: "Nggih jelas kirang... mosok namung mangatus niki?."
Nenek : "Lho.. mau ana bocah mbayar sewu mangatus, terus ana sing mung sewu?".
Kondektur: "Mbahe... Lare sing kathok clono abu-abu wau lare SMA mbayar sewu mangatus, sing kathokan pendek biru wau lare SMP mbayar sewu,"
Nenek: "Lho nek ngono kudune aku gak mbayar.."
Kodektur: "Lha mboten mbayar pripun?"
Nenek: " Lha wong aku kan gak kathokan..."=)) :D
Tidak ada komentar:
Posting Komentar