Kring..kringgg...!! Telpon muni ping limo, baru diangkat Inem:
Sudrun : Halo sopo iki?
Inem : kulo inem Pak, pembantu ènggal - nembé mawon dateng:$
Sudrun : tulung celukno ibuk, omongno Bapak arep ngomong
Inem : Ibu wonten kamar Pak kaléh tamuné..:/
Sudrun : Lho.... sopo tamuné ??!8-|
Inem : duko sinten, jaler Pak, tiyangé putih inggil..;)
Sudrun : Wah bojo malih mokong rèk..!! Cepet..jukukno linggis nang cedak kono. >:O>:O
Inem : Mboten wonten pak, niki entene kayu ganjel lawang Pak..
Sudrun : Yo wis, saiki gebukno nang gegeré ibuk karo wong lanang iku ..!! >=)
Cepet yoo, penting iki. Waahh bojo siji mokong pisan..!!
Inem langsung mlayu nang kamar, wong loro sing lagi omong-omongan nang njero kono, langsung di smash nganggo kayu ganjel lawang. Ngek..! ngek..!! Rong gebukan wis
langsung semaput loro-loroné. Terus Inem mbalik nang télpon.
Inem : Sampun pak, pun semaput sedaya tiyang é..!!:)
Sudrun : Bagus, mengko tak undakno bayaranmu. Saiki, kayuné buangen nang jendèlo mburi omah, iku langsung tibo mlebu kali.
Inem : teng mburi mboten wonten jendèlo niku pak..
Sudrun : lho iki omah nang Jl. Nangkring gang papat kan..?
Inem : Sanès, niki griyone teng Jalan Blimbing...:/
Sudrun : Ohh... sepuroné - salah sambung lèk ngono..! Wis ndang minggato wae Nem !!...mumpung durung gègèr...!!! :'(:'(
(Telpon langsung ditutup)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar