Laman

Jumat, 09 Maret 2012

Bapak dan Anak (Bhs Jawa)

Sakwijining sore ono bapak lagi jagongan mbi anak'e..
Pak Kacong : "Le.. Mbes.. Tulung pak'e tukokno minuman sing anyes ning warung yo.."

Dargombes : "coca-cola opo seprit,pak?"

Pak Kacong : "Coca-cola wae.."

Dargombes : "Sing kalengan opo botolan ?"

Pak Kacong : "Botolan.."

Dargombes : "Sing botol gede opo sing cilik?"

Pak Kacong : "Ooo cah Asuui !! Wis tukokno banyu wae!!"

Dargombes : "Aqua opo banyu biasa ?"

Pak Kacong : "AQUA, cuk!!!!"

Dargombes : "Panas opo sing anyep?"

Pak Kacong :" SAPU NDI SAPU,TAK GEPUK'E NDASE BOCAH KI..??!!!"

Dargombes : "Sapu biting opo sapu duk??"

Pak Kacong : "Oalaahhh...Kewan tenan kowe ki pancen'e!!"

Dargombes : "Wedus opo Kebo?"

Pak Kacong : "WEDUUSSS,Goblokk!!!"

Dargombes : "Wedus Cempe opo Bandot??"

Pak Kacong : "Setan kowe!!!!"

Dargombes : "Pocongan opo Gendruwo?"

Pak Kacong: "Mbuh lah, kono minggat wae lah!!"

Dargombes: "Saiki opo sesuk?"

Pak Kacong: "Saiki, dobol!!"

Dargombes: "Bapak melu opo ora??"

Pak Kacong : "Asli..suwe2 Tak pateni temenan bocah iki !!"

Dargombes : "Ditusuk nganggo peso apa ditembak nganggo pistul??"

Pak Kacong :"Tak tembak !!!"

Dargombes : "Ndase opo wetenge??"

*Pak Kacong sekarat kejet2 langsung struk stadium pitulas ngadepi anak sing senteng*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar