Kijang 1 neng kijang 2.
Piye kondisi neng kono..??
-Ganti"
"Aku neng ngarep bom ki.. pak kumendan, mohon instruksinya,
-Ganti"
"Apik! Saiki resikke disik area sersan !"
"Siap ndan !!"
*ora suwe *:
"Lapor Ndan, area wis resik..
-Ganti"
"Ok, saiki kowe fokus neng bom mau yo!
Pirang menit meneh waktu sing nyisa sersan?
"Saiki nunjukke waktu itungan mundur 00:05:15 Ndan.. !!"
"Berarti kowe duwe waktu mung 5 menit meneh, cepet buka tutup bom nganggo drei,!
"Bom wis ϑilokalisir ndan,
Ono 4 kabel, nyuwun instruksi"
"Saiki kethok kabel ijo "
"Siap"
"Piye sersan? Wis mati durung bome? "
"Durung ndan, malah tambah cepet ki waktu mundure ndan"
"Mau kabel werno opo sik mok kethok..?"
"Ijo Ndan"
"Lha... Ra salah ngethok kowe..?
"Siap NDan, mau aku ngethok sing warna ijo.
"Saiki warna kabel opo wae sing nyisa?
"Abang, ireng lan ijo"
" HAHHH ! Kok sik ijo.isih ono..?
" Sing ijo cen ono 2 ndan !..sing
1 ijo godong & sik 1 ijo langit"
" Ah edan kowe!! Langit ki warnane biru suu, dudu ijo goblog!"
"Lha nek neng kampungku ijo je ndan"
"Wis sak karepmulah !! Berarti sik mok kethok mau kabel biru?"
"Ho oh Ndan, siap nompo instruksi sak teruse..!!
"Guoblog tenan kowe ki !!!!, lha nek kabel biru sing mbok kethok yo tambah cepet kuwi waktu bom njeblug!"
Neng radio wis krungu si sersan panik
"Kondisi darurat ! Bom 15 detik meneh njeblug ndan, mohon instruksi "
"OK, saiki kowe tirokno omonganku yo..!""X_X
"Siap komandan!"
"Laa Ilaahaillallaah 333x"
Tidak ada komentar:
Posting Komentar