Obrolan 3mahasiswa, tapi beda jurusan. Bengi iku lagi neng warung angkringan ndok wonokromo.......
Mukri: ora sio s io tenan aku njupuk jurusan PERTANIAN. Aku iso nggabungne 2jenis tanduran dadi jenis anyar... he he he (ngguyu mrenges)
Sodron: wow!!! Tanduran opo kuwi kri?
Mukri: wit BAYEM,keniker ambek KLOPO dron...
Sodron: trus mbok jenengne opo temuanmu kuwi kri?
Mukri: kuwi tak jenengke URAP.
Sodron( kleleken gelas): wong edyaan!!
Mukri: lha awakmu neng PETERNAKAN, nemokne opo dron?
Sodron: nek aku durung dadi penemu kri, sik lagi riset ning gagal terus...
Mukri: lha opo?
Sodron: aku karo kanca kancaku lagi njajal ngawinke wedhos ambek babi.
Mukri: ekstrem tenan kuwi dron...
Sodron: tapi gagal terus kri...
Mukri: lha gagal mergo opo to dron?
Sodron: masalahe ditolak MUI, jarene haram...
Mukri( langsung salto): kampreet tenan kowe dron...
(Sak naliko Bardot sing awit mau meneng ae melu crito)
Bardot: nek masalah penemuan iki lo, cah TEKNIK jagone...
Mukri+sodron: penemuan opo dot?
Bardot: iki proyek rahasia. Mung kowe kowe tok sing tak critani.
Mukri+sodron: iyo dot...
Bardot: aku ra pengen barang iki dicekel wong jahat, iso kacau mengko... (mbisik) ssstt... aku nemokne alat sing iso ngontrol kendaraan soko jarak jauh...
Mukri+sodron: wow!!! Hebat kowe dot.
Bardot:(mbisik) ojo banter banter goblog! Alat iki wes tak jajal nek ngarep pasar sing rame kae.
Mukri+sodron: (mbisik) sukses raa?
Bardot: Alhamdulillah sukses...
Mukri+sodron: kendaraan opo wae sing iso dikontrol?
Bardot: sing rodok angel mung becak. Mungkin setelan gelombange sing kurang pas. Tapi liyane lancar... ha ha ha
Mukri: wah jos tenan kowe dot!! (Karo mijeti Bardot)
Sodron: iso sugeh tenan kowe dot!! (Karo dulangi Bardot gorengan)
Mukri: alate wes mbok jenengi rong dot?
Bardot: amargo lahirku rebo pon lan rupaku koyo ariel, alat iku tak jenengne SEMPRITAN...
Mukri+sodron: (adu sirah) edaaaan!!!
Sugeng siang konco2 😅😅😅😅
Tidak ada komentar:
Posting Komentar