Bendol ditangkep polisi mergo kasus tabrakan...
Polisi : "Yo' opo critané sampèk koen nabrak 50 uwong iku?"
Bendol : "Aku nyetir mobil kecepatan 100 km/jam. Pas nang pertelon moro2 rèm-é blong. Nèk ngiwo onok wong lanang loro, lha nèk nengen onok pésta kawinan. Cobak nèk bapak pilih nabrak sing endi?"
Polisi : "Yo mesti mending ngiwo, korbané luwih thithik."
Bendol : "Persis!! Aku yo mikir ngono Pak."
Polisi : "Trus lapo wong2 sing nang pésta kawinan sing kenèk tabrak?"
Bendol : "Lhaaa, iku masalahé. Aku wis milih wong lanang loro sing nang kiwo Eh...dèk-é mlayu nyabrang moro nang pésta kawinan...... dadi tak banting stir nengen, nguber wong loro mau pak..."
Polisi : "Guobloog...!!!"
Tidak ada komentar:
Posting Komentar