Laman

Jumat, 28 Juni 2013

Numpak Helikopter

Paidi sing terkenal pelit diajak paijem numpak helikopter.
jane paidi wegah mergo sewane larang,nanging mergo sayang karo paijem akhire deweke gelem.

Pilot: sewane 300ewu…
yen sampeyan neng nduwur mengko ngetokke sworo,keno dendo dadi 350ewu.
tapi yen ora nyuworo,sampeyan oleh diskon 25%.

Sakwise sepakat,heli trus mabur kanti manuver lan jungkir balik.
mbasan wis mudun…

Pilot: sampeyan hebat! blass… ora nyuworo.
Paidi: jane aq mau yo pengen omong,tp wedi didendo.
Pilot: emang sampeyan arep omong opo?

Paidi: BOJOKU TIBO…!!!
---

Tidak ada komentar:

Posting Komentar